Langsung ke konten utama

Sastra Jendra

SASTRA JENDRA

Kejawen Manunggal Sejati, Manunggaling Kawulo Gusti, Kaweruh Kejawen, Ilmu Sejati

Amratelakaken kawruh pasamaden ingkang sanyata langkung ageng pigunanipun ingkang kasebut SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT PANGRUWATING DIYU.
Tegesipun :

SASTRA = empaning kawruh,
JENDRA = saking panggarbaning tembung Harya Endra, tegesipun Harya = raharja, Endra = ratu = dewa,
HAYU = rahayu = wilujeng,
NINGRAT = jagad = enggen = badan.
Suraosipun  : mustikaning kawruh ingkang kuwasa amartani ing karahayon, karaharjan, katentreman lan sapanunggalipun.

Dene tegesipun PANGRUWATING DIYU inggih amalihaken diyu, dene diyu = danawa, raseksa, asura, buta, punika kangge pasemoning piawon, penyakit, rereged, bebaya, pepetang, kabodhowan lan sesaminipun.
Mengku suraos : amastani ingkang saged anyirnakaken saliring piawon tuwin samubarang bebaya pakewed.

Mangertosipun sinten ingkang tansah ajeg lumintu anindhakaken laku samadi bilih suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun malih dados tiyang sae lampahipun. Tiyang sakit sirna sakitipun, dados waras. Tiyang murka daksiya lajeng narimah sabar welas asih. Tiyang goroh lajeng dados temen. Tiyang bodho dados pinter sanget. Mekaten ugi tiyang golongan sudra dados waesa, waesa dados satriya, satriya dados brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira bathara.

Gampilipun sawarnining kapiawonan tuwin saliring godha rencana bebaya pakewed punapa kemawon ingkang tuwuh saking kacidraning manah pribadi, punika sedaya sirna lebur dening pangastuti ulah samadi inggih mesu cipta amurmeng pandulu maworing kawula gusti.

Kajawi saking punika supados kita saged kasembadan punapa ingkang kados kasebat ing nginggil, kita kedah taberi manekung samadi, ameleng amesu cipta sedhakep suku tunggal nutupi babahan nawa sanga, tuwin telatos anggen kita angruwat sakathahing sesuker lan beladering pancadriya.

Wontenipun tembung nutupi babahan nawa sanga wau kangge ucap-ucapanipun Nata Dwarawati utawi Sang Arjuna manawi kaleres samadi manages ing Dewa. Inggih saking tembung punika wau ingkang dipun ugemi sarta lajeng dados pamanggihing umum, inggih sejatosipun namung pasemon utawi pralambang. Ananging menggah sejatosipun kita boten saged yen anutupana salah stunggal kemawon saking babahan nawa sanga wau. Liripun : upami kita nutupi grana margining napas, ing mangka lampahing napas punika ingkang dados tetekening ulah samadi. Sebab napas punika ingkang dados tetangsul utawi dados wahananing gesang kita. Mila yen grana kita kalantur dipun tutupi saestu badhe dumugi ing jaman sakaratil. Dados nutupi babahan nawa sanga (bolongan sanga) punika tetela saking kalintuning panampi tandha yektinipun saweg nutupi bolongan setunggal kemwon yekti tamtu boten saged tumindak.

Dene ing sak leresipun tembung NAWA SANGA inggih punika :

hawa – song – nga, wetahipun kedah mungel nutupi babahan hawa, song = kosong, nga = kosonga = kosongna. Suraosipun sedaya margining hawa napsu sami kakosongna, ateges sedaya bolongan sampun ngantos dados margining hawa napsu.

Dene margining hawa napsu wau winastan INDRIYA utawi PANCADRIYA, inggih paningal, pamiyarsa, pangambu, raos ilat tuwin raos badan. Tembung Pancadiya leresipun mungel PANCEN INDRIYA, wusana aksara I = Hi, luluh dhateng Ca = tja, kantun mungel Pancen Driya, tegesipun PEPANCENING KARSA, inggih ingkang nyediyani, anjageni, angladosi tuwin among karsa.

Menggah ingkang AMONG KARSA punika sejatosipun wonten 6 (nem) ingkang satunggal inggih punika pamicara, mila lajeng jangkep tembung SAD INDRIYA, utawi Indriya Nem (ing candra sengkala watak nem, tembung Sad Rasa, Sad Guna, Sad Gana, tegesipun Rasa Nem).

Kasebat ing Mahabarata Wanaparwa ing perangan Arannyakaparwa, Sad Indriya wau lajeng winastan TAMAN LELANGENING INDRIYA NEM. Ing ngriku katetepaken panggenan ingkang dados ugering pamarsudi lan sesanggeman. Mangertosipun, kita kedah marsudi dhateng widagdaning pamepes pangrubedaning Pancen Driya nem perkawis kados kasebut ing nginggil.

Dene pambrastaning temtu boten saged sampurna namung lajeng kapiyagah kemawon sareng-sareng kaliyan nalika kita mangsah samadi. Wondene inggih wonten ingkang ngaken saged angruwes sarta amiyagah, pangaken makaten wau tangeh leresipun. Awit saumpami kita angengarang, punika punapa saged kalampahan mangsi saking wadhahipun lajeng kaesokaken ing dlancang kemawon lajeng saged dados ukara tuwin tembung ingkang kita kersakaken? Mesthinipun boten.

Menggah pambrastaning pancadriya wau, sanyata boten saged sami kaliyan Hyang Pawana ingkang kuwasa ambuncang sakathahing pedhut ingkang anggendanu wonten ing natariksa. Nanging kedah mawi sarana tata titi,m telatos, atul sarwa ngatos-atos dhateng saliring pakari punapa kemawon, sarta katindakaken saben dinten wonten samadyaning pasrawungan.

Mila makaten awit ing salami-laminipun, ing salebeting cipta punika sampun kaisenan dening sesuker tuwin beladering pepinginan lan kamelikan. Ingkang makaten punika wau sampun samesthinipun kemawon yen sucinipun cipta katemah lebur sumawur sirna gempang tanpa tilas, kekantukipun namung awujud Gandana-Gandini ingkang banger bacin balrungan sapurug-purug, inggih wontenipun ganda amis ingkang manuksma wonten salebeting cipta wau punika ingkang tansah kita resiki ing saben dintenipun, srana tirtaning kawikcaksanan kanthi kasantosaning pangesthi.

Tetuladhanipun kados dene Sang Raja Putri Wiratha Dewi Durgandini sedherekipun Sang Durgandana. Tembung Durgandini tuwin Durgandana tegesipun ganda awon, mila  Dewi Durgandini ugi peparap Lara Amis, sesampunipun dipun jampeni dening Begawan Palasara, lajeng sirna memalanipun (sirna piawoning pandamelipun), nunten gantos naminipun peparap Dewi Gandawati nenggih Setiyawati, tegesipun : arum pangambaring gandanipun angebaki saindenging cakrawala (sayojana).

Menggah pikajengipun : menawi sampun sanyata kuwasa ambrasta sesukering indriya, tamtu lajeng boten saged kenging pangrubeda sakathahing pandamel ingkang tuwuh saking kumayaning Sad Guna kasebut ing nginggil.

Liripun : kita wonten jagading pasrawungan boten ambedak-bedakaken satru utawi mitra, cipta kita kuwasa nanggulangi panempuhing satru ingkang maujud wanodya ingkang mameraken kaendahaning warni tuwin kasulistyan lan wiraganing tenaganipun, ing satemah teguh kataman jemparinging Sang Hyang Asmara.

Sesotya raja brana namung kasamekaken beling utawi wingka, swara ingkang mardumarduwa ingkang linindhung gambang cemplung boten beda kaliyan swaraning grobag ing gragalan. Boten karem ing pangalem, boten geseng ing latuning kadoracaran. Gandaning ratusweda lan jebad kasturi saestu sami kaliyan gandane bangke ingkang bosok, boten pisan-pisan angisep-isep dhateng saliring akdurakan, pangrubedaning ilat saking saliring kanikmatan, boten pisan dipun kenyami. Dene wedaling swara manis arum anuju prana kadosdene madu pinastika tansah andamel kamartaning sasana, kadoracaran tuwin wuwus kacandhalan boten pisan kaucapaken, saliring pangandikan terus terang pratitis, nyata ing ndalem cipta tansah suci ngumalawening punapa dene boten pisan angemot piawon sanajan sawiji-wiji.


Pasted from <http://primbondonit.blogspot.com/2011/07/p1-sastra-jendra-hayuningrat.html>

Komentar

Posting Komentar

Silahkan Tinggalkan PESAN dan KESAN sahabat setelah membaca Artikel ini >>
1. LINK AKTIF tidak diperbolehkan di komentar ini.
2. Mari berbagi, berdiskusi dengan berkomentar yang efektif dan membangun
3. Berkomentar hari ini, maka hari itu juga saya akan berkunjung ke Blog sahabat

Postingan populer dari blog ini

Filsafat Huruf Jawa (Hanacaraka)

Makna dan Filsafat Huruf Jawa Ha-Na-Ca-Ra-Ka  berarti ada ” utusan ” yakni utusan hidup, berupa nafas yang berkewajiban menyatukan jiwa dengan jasat manusia. Maksudnya ada yang mempercayakan, ada yang dipercaya dan ada yang dipercaya untuk bekerja. Ketiga unsur itu adalah Tuhan, manusia dan kewajiban manusia ( sebagai ciptaan).• Da-Ta-Sa-Wa-La  berarti manusia setelah diciptakan sampai dengan data ” saatnya ( dipanggil ) ” tidak boleh sawala ” mengelak ” manusia ( dengan segala atributnya ) harus bersedia melaksanakan, menerima dan menjalankan kehendak Tuhan. Pa-Dha-Ja-Ya-Nya  berarti menyatunya zat pemberi hidup ( Ilahi) dengan yang diberi hidup ( makhluk ). Maksdunya padha ” sama ” atau sesuai, jumbuh, cocok ” tunggal batin yang tercermin dalam perbuatan berdasarkan keluhuran dan keutamaan. Jaya itu ” menang, unggul ” sungguh-sungguh dan bukan menang-menangan ” sekedar menang ” atau menang tidak sportif.• Ma-Ga-Ba-Tha-Nga  berarti menerima segala yang diperintahkan dan

Nafsu Birahi Anak Sekolah

Nafsu Birahi Anak Sekolah (Edukasi) Bila esok itu ada.. tetaplah kau disana.. dihari hari yang kujalani nanti. agar sepertinya kisah ini bukan seperti pelangi.. indah sesaat lalu pergi lagi… Namun setelah saat itu keindahannya tak kutemukan lagi kita semua tahu tak ada badai yang harus di halau,,, tak ada lubang yang harus tertutupi tak ada kekosongan yang harus di isi,,,  Semua sudah jelas tak ada lagi bait-bait yang meski du untai dalam sebuah kisah karena kau, aku dia tahu semua telah berakhir…. Source Ok sahabat, terimakasih sebelumnya sudah mampir di Kradenan . Dengan aktifitas yang sangat padat saya ' admin   berupaya untuk meluangkan sedikit waktunya untuk berbagi. Kali ini mungkin agak berbeda dengan apa yang sebelumnya pernah  ' admin   postingkan. Sudah merupakan bukan rahasia umum lagi dengan kisah-kisah yang tak tabu lagi, yang banyak dialami saudara-saudara di sekitar kita. Tulisan ini diawali dengan kisah nyata: Sebu

Nafsu Birahi Anak Kos

Mau Enak Nggak Mau Anak : Seks Anak Kos Tahun ajaran baru kalender pendidikan. Tempat-tempat kos berganti penghuni. Para lususan SMP dan SMU menjadi orang baru di tempat-tempat kos. Sejuta kisah pernah tertinggal disitu dan seribu cerita baru akan segera di mulai oleh hadirnya penghuni baru. Bisa jadi para penghuni baru ini benar-benar baru pertama kali hidup terpisah dari orang tuanya. Belajar hidup mandiri dan mengadapi berbagai masalah sendiri. Seperti anak domba yang di lepas di tengah belantara, berbagai bahaya mengintai disana. Kisah anak kos entah dari kalangan anak SMU maupun “kuliahan” bukan Cuma kisah suka-duka mengejar prestasi belajar. Kisah cinta dan petuangan sex mereka tak kala serunya. Dalam operasai PEKAT selama liburan skolah bulan puasa ini saja masih terjaring adanya para penghuni kos yang tengah berbuat mesum di kamar kosnya. Bisa di bayangkan di saat-saat lain saat kegiatan sekolah atau kampus sedang aktif, diluar bulan puasa. Kebebasan, kemandiri